Selasa, 25 Oktober 2011

Tresno sudro_lyric


Tresno sudro
Aboting wong nandang tresno
Tak belani nganti tekan pati
Tresnaku mung kanggo siro
Kusumo ayu sing merak ati

Awan bengi ra biso lali
tansah eling esem mu
Nganti kapan aku rangerti
biso nyanding sliramu

Abote dadi wong sudro
tresno tulus ora dipercoyo
Wong tuwo ngumbar sujono
tansah ngiro aku wong durjono..

Pancen dalan sing tak liwati..
ngalor ngidul mung dengkul..
paribasan turu kelesetan
uripku tansah cedhak pancoban..

@@ Reff:
Cah ayu..cah ayu tak enteni…
Lilane wong tuwamu maringke kowe..
Sing sabar…sing sabar yo tresnaku…
Ing tembe mburi bakal dadi duwekku

Duh..Gusti… sing tak Puji..
Paringono dalan..kanggo tresnaku..

@@ Reff = versi cewek diganti :
wong bagus wong bagus tak enteni..
lilane wong tuaku NERIMO kowee
Sing sabar…sing sabar yo tresnaku…
Ing tembe mburi bakal dadi duwekku

Duh..Gusti… sing tak Puji..
Paringono dalan..kanggo tresnaku...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar